DALYANA'S BLOG
My Life My Imagination My Opinion

Senin, 20 Desember 2010

KAWRUH TEMBANG JAWA "MOCOPAT"

1. Maskumambang :
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
2. Mijil :
ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
3. Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
4. Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
5. Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga.
Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.
10.Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11.Pocung / Pucung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

MIJIL

Wijiling kang wacana winarni Biji Sawi
Rumpakaning Raos
Dadya tutur lir tirta iline

Mijil saking tuk telenging bumi
Mili amratani
Mrabawa bisa wruh
Dari berbagai macam ajaran
yang tersusun di hati ini
Biarkan mengalir bagai air
yang keluar dari dasar bumi
Biar menjadi nasehat yang berarti
Membuat orang mengerti
al-huda-5.jpgLamun sira nggegulang agami
Werdinen den bontos
Ywa kasengsem katrem ing ilmune
Upacara lan susilaneki
Kudu den lakoni
Kanthi setya tuhu
Bila engkau mempelajari agama
Pelajarilah secara mendalam
Jangan hanya menyenangi ilmunya
Upacara dan ajaran kesusilaannya
Juga wajib kau jalankan
dengan sepenuh hati

Asmarandana 1

Asmarandana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kelangkung
Tan kena tinumbas arta
Salah satu alasan mengapa orang menikah
Bukan harta benda dan kecantikan sebagai alasan utama untuk mencintai
Tetapi rasa sayang dan cinta dari lubuk hati yang paling dalam
Tidak semua proses mencintai itu lancar
Terkadang ada hambatan yang menghalangi proses mencintai
Jika memang menemukan jalannya akan terasa sangat lancar
Tetapi jika tidak, akan terasa sangat susah
Dan proses mencintai itu tidak bisa dihitung dengan uang
Benang Merah yang bisa kita ambil dari tembang ini adalah cinta dari lubuk hati yang paling dalam itu melalui proses yang tidak terkira, terkadang sulit dan berbelit-belit, terkadang lancar tanpa halangan. Kecantikan dan kekayaan terkadang diabaikan dalam proses mencintai ini. Dari semua proses itu, waktu, tenaga dan pikiran yang terbuang tidak bisa dihitung dengan uang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar