DALYANA'S BLOG
My Life My Imagination My Opinion

Senin, 27 September 2010

PITUTUR BASA JAWA

  • "Wong kang kêbak déníngê pepinginan iku adaté banjúr ngångså-ångså, mulå lakuné ugå banjúrmiyar-miyur. Kêpêngkók gawé sêthithík baé síng digêdhèkaképangrêsulané, tundhóné atiné gampang pêpês lan nglokro. Bédå karo wóng kang wicaksana uripé mêsthi måwå tékad lan tujuwan. Bêbasan tiba kapíng pitu gumrêgah tangi kapíng wólu ngrungkêbi tékad lan tujuwané.
  • Orang yang penuh dengan keinginan itu biasanya lantas memaksakan diri, sehingga perjalananan hidupnya maju mundur. Terkena kegagalan pekerjaan sedikit saja yang dikedepankan perasaan ketidakmampuannya, akhirnya hati/kemauannya mudah pupus dan putus asa. Berbeda dengan orang yang bijaksana, hidupnya pasti serba memiliki kemauan keras (tekad) dan tujuan. Ibarat jatuh dalam sehari tujuh kali, bangun delapan kali untuk mewujudkan tekad (kemauan) dan tujuannya.
  • Yèn ing donyå iki manungsané:(1) Síng sugíh uripé ora mbêthithil, kêpårå malah dhêmên têtulúng marang kang kêcingkrangan, déné (2) Sing duwé kêpintéran adóh såkå karêp kanggo mintêri liyan, kêpårå malah dadi papan jujugané wóng têtakón, gênah kahanané donyå bakal ayêm têntrêm, adóh såkå rêridhu lan ...kalís såkå godha rêncånå.
  • Jika di dunia ini manusianya: (1) Yang kaya tidak pelit, justru suka menolong/membantu orang yang kekurangan, sedangkan (2) Yang memiliki kepintaran jauh dari keinginnan intuk membodohi orang lain..., justru menjadi tempat tujuan orang bertanya, jelas dunia ini akan tenang, tentram, jauh dari rintangan dan terlepas dari berbagai godaan dan bencana. 
  • Wóng kang ringkíh iman lan batiné bakal gampang dadi jujugané dúrjånå apús-apús kang patíng sliwêr golèk mangsan. Pirang-pirang akèhé wóng kasêlak pêrcåyå rêmbúg pangimíng-imíng ora pinikír bakal kêdadéyané ing têmbé. Wusanané nandhang kapitunan lan kênå ing apús.Mula kudu tansah waspådå, åjå lirwå ing kaprayitnan.
  • Orang yang lemah iman dan batinnya, akan mudah menjadi langganan kejahatan penipuan yang berseliweran mencari mangsa. Banyak orang yang mudah percaya pembicaraan yang menggiurkan, tidak terpikir akan kejadian ...selanjutnya (pada akhirnya). Sehingga tertimpa kerugian dan terkena penipuan. Maka harus selalu waspada, jangan lengah dalam kehati-hatian/kewaspadaan. 
  • "Yèn gêlêm nalusuri sêjatiné ora sêthithík piwulang lan pitutúr bêcík kang malah kitå tampå såkå wong-wong kang gawané nacad lan ora dhêmên marang kitå, katimbang mitrå katrúh rakêt kang tansah ngalêmbånå. Awít panacad bisa nggugah kita nglêmpêngaké laku, déné pangalêmbånå kêpårå biså nyêbabaké wong kêr...êp dadi lali".
  • "Jika mau menelusuri, sebenarnya tdk sedikit pelajaran dan petunjuk baik yang justru kita terima dari orang2 yang suka mencela (menjelekkan) dan tidak suka dengan kita, dari pada dari teman dekat/ akrab yang selalu memuji. Karena celaan itu bisa membangunkan kita untuk m...eluruskan perilaku, sedangkan pujian justru bisa menyebabkan orang sering lupa daratan"  
  • Isíhbêjå yèn kowé diunèkaké "Ora Lumrah Uwóng", jalaran isíh dianggêp manungså.Yå múng solah tingkahmu kang kudu kók owahi amríh ora gawé sêrikíng liyan. Cilakané yèn diunèkaké "Ora Lumrah Manungså", Jalaran kowé dianggêp sétan gêntayangan síng múng dadi lêlêthêging jagad margå pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan. Mula énggal-énggala sumujudå marang Gusti Kang Múrbèng Dumadi. Sifaté Gústi Allah mono sarwå wêlas asíh marang umaté kang wís sadhar marang doså-dosané sartå têmên-têmên bali tuhu marang dhawúh-dhawuhé.
  • "Masih beruntung jika kamu dibilang: "Tidak Pantas Jadi Orang", karena masih dianggap sebagai manusia. Hanya budi pekertimu yang harus kamu rubah agar tidak membuat orang tidak suka terhadapmu. Celakanya jika kamu dibilang: "Tidak Pantas Jadi Manusia", karena kamu dianggap syetan yang berkeliaran, yang hanya menjadi kotorannya dunia, karena budi pekertimu yang meninggalkan sifat kemanusiaan. Maka segeralah kamu bersujud kepada Tuhan Yang Maha Pencipta. Sifatnya Tuhan Yang Maha Pencipta itu serba Maha Pengasih dan Penyayang terhadap umatnya yang telah menyadari akan dosa-dosanya, serta betul-betul kembali taat menjalankan perintah-perintah-Nya. 
  • "Ora cukup bisa diarani Riyayan (Bakdan) kanggone wong kang sandhang panganggone sarwo anyar. Ananging keno diarani Riyayan (Bakdan) iku kanggone wong kang ketaqwaane podho tambah". Iki jumbuh karo tujuan poso yoiku: la'allakum tattaquun = supoyo kowe kabeh dadi wong kang taqwa" (QS. Al-Baqarah:187). Mug...o-mugo kita kabeh klebu wong kang Riyayan (Bakdan) temenan, amien.
  • "Tidak cukup bisa dikatakan orang berhari raya 'iedul fithri bagi orang yang berpakaian serba baru. Tetapi orang baru bisa dikatakan berhari raya 'iedul fithri bagi orang yang ketaqwaannya bertambah. Ini sesuai dengan tujuan puasa yaitu: lla'allakum tattaquun = agar kamu sekalian bertaqwa (QS. Al-Baqarah:187). Semoga kita semua termasuk orang yang berhari raya 'iedul fithri benar-benar, amien. 
  • Ono ukoro loro, yen ditulis bedane mung katondiwolak – walik, nanging surasane jebul bedo adoh koyo bumi lan langit. Yoiku: (1) "Rumångså sarwå duwé" lan...(2) "Sarwå duwé rumångså".Wondene surasane siji lan sijine ukoro kasebut yoiku Wondene surasane siji lan sijine ukoro kasebutyoiku: (1) Rumångså sarwå duwé : nudúhaké watak ngêdír-êdíraké, wêngís satindak lakuné, yèn nggayúh pêpénginan ora maèlu laku dudu, samubarang pakarti nisthå ditrajang wani. (2) Sarwå duwé rumångså : pakartiné tansah kêbak wêlas asíh, wicaksånå ing sabên laku, rumångså doså samångså gawé kapitunané liyan.
  • Ada dua kalimat, yang bila ditulis perbedaannya hanya tampak dibolak – balik saja, tetapi maksudnya ternyata berbeda jauh seperti bumi dan langit. Yaitu: (1) “Merasa serba punya” dan (2) “Se...rba punya rasa”. Adapun maksud dari satu per satu kalimat tersebut adalah: (1) Merasa serba punya: menunjukkan watak selalu mengandalkan, galak tingkah lakunya, jika ingin mencapai suatu keinginan tidak harus ia sendiri yg harus melakukannya, sembarang perbuatan salah berani diterjangnya. (2) Serba punya rasa: budi pekertinya selalu penuh belas kasihan, bijaksana dalam sembarang perbuatan/ tingkah laku, merasa berdosa jika harus melakukan perbuatan yang merugikan orang lain. 
  • "Kamulyan lan kanikmataning uríp wóng-wóng kang sugíh ikudituku måwå kringet lan tangise rakyat kang mlarat. Mulane yen sliramu kaparingansugih, ojo lali marang wong-wong kang malarat, supaya dheweke oranduweni rasa serik, kosok baline malah tansah gelem mbiyantu lan tansah...ndedonga becik kanggo sliramu"
  • "Kemuliaan dan kenikmatan yang dimiliki oleh orang-orang kaya itu, dibeli dengan keringat dan tangisnya rakyat yang melarat (miskin). Oleh karenanya, jika kamu diberikan menjadi orang kaya, jangan lupa dengan orang-orang yang miskin, agar mereka tidak memiliki rasa iri, sebaliknya mereka justru selelu mau membantu dan selalu mendoakan kebaikan untukmu"
  • "Ngèlmu iku kêlakóné kanthi laku, sênajan akèh ngèlmuné lamún ora ditangkaraké lan ora digunakaké, ngèlmu iku tanpå gunå". 
  • "Ilmu itu bisa diraih dgn jln mencari (nya), meskipun banyak (ilmu), tetapi jika tdk disebarkan n tidak diamalkan (digunakan) tdk berguna" 
  • “Nadyan wêsi iku kanyatané atós, éwasêmono yèn wís kêtrajang ing taiyèng yå bakal êntèk gripís. Sêmono ugåtumrapíng wóng kang kataman råså mèri. Atiné mbåkå sêthithík ugå bakal gripís,awít tansah rumangsa yèn awaké tansah apês, saénggå kélangan grêgêt lan lumúhmakaryå. Wusanané pêpês atiné kêntèkan pêngarêp-arêp”
  • ”Meskipun besi itu kenyataannya keras, namun demikian jika sudah terkena karat akan terkikis habis. Begitu juga yang terjadi pada manusia yang memiliki rasa iri/dengki. Hatinya sedikit demi sedikit juga akan terkikis habis, karena selalu merasa bahwa dirinya selalu sial, sehingga kehilangan kemauan dan malas bekerja/berusaha. Akhirnya berkecil hati kehabisan pengharapan” 
  • “Yèn kowe kêpingín nglungguhi pangkat kang dhuwúr luwíhprayogå yèn dikawiti såkå kalungguhan kang êndhèk dhéwé. Awít klawan mêngkonoing têmbé kowé ora bakal gampang disêpèlèkaké déníng andhahanmu. Lan kang utåmåyaiku kowé nuli biså madêg dadi pêmimpín kang biså nglungguhi ing kawicaksanan,adóh såkå w......atak dêgsurå. Anané múng sarwå kêbak råså têpå salirå ing antaranepimpinan lan andhahan” ”Jika kamu inging mencapai kedudukan/ pangkat/ jabatan yang tinggi, lebih utama jika dimulai dari kedudukan/ pangkat/ jabatan yg paling rendah. Karena yang seperti itu nantinya tdk akan mudah disepelekan oleh bawahanmu. Dan yang utama adalah kamu segera bisa nebjadi pemimpin yang bisa mendudukkan kebijaksanaan, jauh dari watak sewenang – wenang. Yang ada hanya serba penuh dengan rasa tenggang rasa di antara pimpinan (atasan) dan bawahan”  
  • “Såkå kayungyúníng manungså marang båndhå, sêmat landrajad anggóné migunakaké nganti kêrêp nglírwakaké kautaman lan nglalèkakéjêjêríng kamangnungsan. Uripé prasasat kaêsók kabèh ånå ing kono. Dheweke orangélingi kêpriyé wusananíng dumadi. Ing jagad pancèn ora ånå wêwalêr wóngnglumpúkaké båndhå råjåbr...ånå, råjåbrånå, anggayuh semat lan drajat, janji kabeh mau kagayuh kanthi manút dalan kang bênêr, ora gawe cintakaning liyan lan dipigunakaké miiturut paugeran kang bener uga, jumbuh marang pranataning negara lan agama”.
  • "Karena ketertarikan manusia terhadap harta benda, pangkat dan derajat (kedudukan), cara menggunakannya sampai sering tidak melupakan keutamaan (kebajikan) dan melupakan peri kemanusiaan. Hidupnya seakan-akan semua dicurahkan di situ (untuk meraih harta benda, pangkat dan derajat/ kedudukan semata). Dia tdk ingat asal mula kejadiannya. Di dunia ini memang tidak ada larangan seseorang untuk mengumpulkan harta benda, meraih pangkat dan jabatan. Asalkan semua itu diraih menurut jalan yang benar, tdk merugikan orang lain dan digunakan menurut peraturan yang benar pula, selaras dengan peraturan negara dan agama” 
  • “Yèn pinujuwayah bêngi langité têrang banjúr tumêngåå ing tawang, kita bakal nyipatisapérangané gêlaríng alam, abyóríng langít kang sumilak sinêbaran...lintang-lintang patíng krêlip, gêdhé cilík kåyå wís sêngadi tinåtå panggónané,angin sumilír ngobahaké kêkayónan lan gêgódhóngan kang ngandhút arumíng gandanékêkêmbangan.Síng kåyå mangkono sayêkti bisa nuwúhaké råså pangråså têntrêm ing ati kitå. Nangíng luwíh såkå iku, kahanan síng kåyå mangkono mau uga bisa ngosikaké manah kita tumrap kaluhuraníng Gusti Kang Måhå Agúng kang wus mranåtå sakabèhíng mau” 
  • “Ketika bertepatan dgn waktu malam langit terang benderang, lantas menengadahlah ke langit, kita akan menyaksikan sebagaian keadaan alam semesta, luasnya langit yang tergelar, bertebaran bintang-bintang gemerlapan, besar dan kecil seperti sudah sengaja diatur tempatnya, semilir angin bertiup, menggerakkan pepohonan dan dedaunan yang membawa semerbak harum bunga-bunga. Yang seperti itu tentu dapat menumbuhkan perasaan tenteram di hati kita. Tetapi lebih dari itu, keadaan seperti itu, juga dapat menggugah hati kita terhadap keagungan Tuhan Yang Maha Agung, yang telah mengatur kesemuanya itu”  
  • ”Sabên dinå kitå ajêg rêrêsík badan lan pênganggo, kajåbå amríh bagaskuwarasan ugå katón apík lan ngrêsêpaké. Kang koyo mangkono mau mujudakepakulinan kang apík..Anangíng luwíh prayoga manèh yèn jroníng ati banjúr katuwuhan osík “Apå sabên dinå kita ugå rêrêsík lan ngupakara batín lan jiwå kita, amríh sangsåyå apík lan sangsåyå rêsík såkå sakèhíng rêrêgêd såkå anané cacad-cacad lan panggodhå?”. Sêbab yèn badan wadhag kang kênå ing rusak iku kita gêmaténi, ananging ...généyå jiwå kitå kang asipat langgêng malah kita lírwakaké pangupakarané?” 
  • “Setiap hari kita selalu membersihkan badan dan pakaian, kecuali agar supaya badan kita sehat wal afiat juga agar nampak bagus dan menarik. Yang seperti itu merupakan kebiasaan yang baik. Akan tetapi akan lebih baik lagi jika did lm hati lantas tumbuh pertanyaan: “Apakah setiap hari kita juga selalu membersihkan dan memelihara batin dan jiwa kita, agar semakin baik dan semakin bersih dari banyaknya kotoran dari adanya cacat-cacat dan godaan?”. Sebab kalau badan yang sifatnya bisa rusak itu kita sayangi (kita pelihara), tetapi kenapa jiwa kita yang bersifat kekal justru kita lupakan pemeliharaannya?” 
  • ”Ngombé lan mêmangan yèn tanpå takêr lan tanpå pilíh-pilíh iku pancèn biså nêkakaké bilahi. Mula nyandhêt ubalíng kêpinginan ngombé lan mêmangan kang kåyå mêngkono mau wís atêgês sawijiníng pamarsudi nyêgah karusakaníng jiwå lan raga. Wóndéné sranané kang prayogå yaiku påså síng mêngku ancas pupúr sadurun bênjút nyingkiri sadurungé bilahi"
  • Minum dan makan yang tanpa memilah dan memilih itu dapat mendatangkan bahaya. Maka menahan banyaknya keinginan minum dan makan yang seperti itu sudah berarti merupakan salah satu upaya untuk mencegah kerusakan jiwa dan raga. Adapun sarananya yang paling adalah PUASA, yang memiliki tujuan untuk berjaga - jaga sebelum terkena, menghindari diri sebelum terkena bahaya” 
  • "Yèn sirå sacårå badaniyah lan rohaniyah têtêp kêpingín bagas kuwarasan, tansah élingå róng prakårå iki:(1)Tansah jaganên sakèhíng samubarang kang nêdyå sirå lêbókaké ing tutúk, dithinthíng luwíh dhisík åpå bakal gawé rusakíng rågå åpå ora, (2) Kulinaknå mikír luwih dhisík samubarang kang arêp sirå wêtókaké såkå tutúk, liré ojo nganti malah bisa gawé kucêmíng awakmu utawa nglarani atiníng liyan"
  • "Bila kamu secara jasmani n rohani ingin sejat wal afiat,selalu ingatlah dengan dua perkara ini: (1) Jagalah selalu sembarang (apa saja) yang akan kamu masukkan ke dalam mulut (kamu m...akan/minum), dipertimbangkan dulu apakah akan membuat rusak jasmani apa tidak, (2) Biasakan kamu pikirkan terlebih dahulu sembarang (apa saja) yang akan kamu keluarkan dari mulut (kamu ucapkan), sebab jangan sampai justru bisa membuat malu dirimu atau menyakiti perasaan orang lain" 
  • "Mujudake sawijining pangorbanan kang agung,menowo sliramu lilo kuciwo nganti tumekaning atimu loro, hamung amargo sliramu kepengin nyenengake wong liyo. Senajanto mengkone uwong mau ora gelem mangerteni, sepiro agunging pangurbananmu lan koyo ngopo kuciwolan sepiro laraning atimu. Ora bakal sliramu biso ngecakake tumindak kang koyo ngono mau, menowo sliramu ora ndarbeni ati segoro"
  • "Adalah merupakan suatu pengorbanan yang besar, apabila kamu ikhlash kecewa sampai akhirnya hatimu sakit, hanya karena kamu ingin menyenangkan orang lain. Meskipun nantinya orang lain tersebut tdak mau tahu seberapa besar pengorbananmu dan seperti apa kecewa dan sakit hatimu. Tidak akan kamu bisa melaksanakan perbuatan yang seperti itu, jika kamu tidak memiliki hati yang luas bak samudera (sabar)"  
  • Menowo sliramu nduweni pitakonan sawijining perkoro marang liyan, nanging sliramu wus mangerteni menowo pitakonan mau bakal den jawab kanthi goroh marang dheweke, luwih becik tok simpen lan ora usah tok takokake. Amargo amung bakal agawe loro atimu lan nambahi dosa marang dheweke emono ugo menowo sliramu nyimpen wewadining liyan, kang upomo wewadi mau tok bukak bakal agawe wirange dheweke, luwih becik tok simpen lan ora usah tok bukak wewadi mau. Senajanto kang koyo ngono mau biso agawe laraning atimu"
  • "Jika kamu mempunyai pertanyaan tentang suatu masalah kepada orang lain, akan tetapi kamu sudah tahu bahwa pertanyaan tersebut akan dijwb dengan kebohongan (tdk sesuai kenyataan) oleh...nya, lebih baik simpan saja pertanyaan tersebut dan tidak usah kau tanyakan. Sebab hanya akan membuat sakit hatimu dan menambah dosa bagi dia. Demikian juga jika kau menyimpan ragasia orang lain, yang jika seandainya rahasia itu kau buka akan membuat malu dia, lebih baik kau simpan saja rahasia itu dan tidak usah kau buka rahasia itu. Meskipun yang demikian itu bisa membuat sakit hatimu" 
  • 'Ngakóni kaluputan iku ora atêgês ngasóraké dhiri.Nangíng sawijiníng tåndhå yêkti yèn wóng mau wís biså kinaranan maju satindak ing laku kautaman.Kósókbaliné såpå kang suthík ngrumangsani kaluputané, atêgês wóng kang ora nduwèni budi pêkêrti.Wóng kang ora nduwèni donyå brånå iku sinêbut mlarat.Wóng kang ora nduwèni piki...ran iku luwíh mlarat.Déné wóng síng ora kadunungan budi pêkêrti mono klêbu sakmlarat-mlaraté wóng"
  • "Mengakui kesalahandiri sendiri itu bukan berarti menurunkan martabat diri sendiri. tetapi merupakan salah satu tanda bahwa orang tersebut sudah bisa dikatakan telah maju selangkah d...i dlm hal peri laku kebajikan. Sebaliknya barang siapa yang tdk mau mengakui kesalahannya, berarti orang tersebut tidak memiliki budi pekerti (yg baik). Orang yg tdk memiliki harta benda itu disebut miskin (melarat). Orang yg tdk memiliki piliran (akal budi) itu lebih miskin (melarat). Sedangkan orang yg tdk memiliki budi pekerti (yg baik) itu termasuk semiskin - miskinnya orang" 
  • "Menowo sliramu tansah gawe becik lan gawe senenging liyan, ojo darbe pamrih bakal kawales kang murwat karo opo kang tok tindakake kanggo dheweke. Sebab kadhang kolo opo kang tok tompo soko dheweke malah suwalike. Mulo ono ing samubarang tindak lan lakumu tansah ikhlasno niatmu krono Gusti Kang Hakarto Jagad lan ora usah mikirake piwales opo kang bakal tok tompo soko sakpadhaning titah"
  • "Ketika kamu selalu berbuat baik dan membuat senang seseorang, jangan mempunyai harapan akan dibalas sesuai dengan apa yang kau perbuat untuk dirinya. Karena kadang kala apa yang kau terima dari dia justru sebaliknya. Maka dlm sembarang tindakan dan perbuatan iklashkan niatmu karena Tuhan Yang Menciptakan dunia seisinya, tidak usah tok pikirke balasan apa yang akan kamu terima dari sesama manusia" 
  • "Nanggapi kahanan urip ing satêngahíng bêbrayan iku gampang angèl. Aran angèl kêpårå malah bisa gawé kêtliwênging pikír samångså anggón kita mawas kêdhisikan kagubêl ing håwå. Aran gampang yèn kita biså mikír klawan wêníng lan mênêb.Iyå pamikír kang mênêb iku kang aran akal budi sêjati. Kang bisa mba...baraké wóhíng wawasan kang mulús rêsík, ora kacampúran blêntóngé "si aku" "Apamanèh yèn tå kitå biså têtêp nguwasani wêningíng pikír, nadyan kahanané uríp ing satêngahing bêbrayan kisruhå dikåyångåpå, istingarah ora angèl anggón kita nanggapi".
  • "Menanggapi (menyelesaikan) suasana hidud di tengah keluarga itu mudah - susah/sulit. Dibilang susah sebab justru bisa membuat kesalahan berpikir ketika kita melihat keduluan diliputi oleh hawa napsu. Di...bilang mudah ketika kita bisa berpikir dengan jernih dan mendalam. Pemikiran yang mendalam itu yang disebut akal budi sejati. Yang bisa menjelaskan sebuah wawasan (pandangan) yang mulus bersih, tidak tercemar (tercampuri) oleh kotoran "Si-aku". Apalagi kalau seandainya kita besa tetap menguasai kebersihan berpikir, meskipun keadaannya hidup di tengah keluarga berantakan bagaimanapun, pastilaj tidak kesulitan bagi kita untuk menyelesaikannya". 
  • "Ulat sumèh, tindak-tandúk sarèh kinanthènan têmbúng arís iku biså ngruntúhaké ati sartå ngêdóhaké panggódhaning sétan. Kósókbaliné watak wicårå kang kêras, kêjåbå kêduga gawé tanginíng kanêpsón, ugå gampang nuwúhaké salah panåmpå. Sabarang prakårå kang sêjatiné bisa putús sarånå arís lan sarèh, kêpêksa dadi adu wulêding kulít lan atósíng balúng, kari si sétan ngguyu ngakak bungah-bungah"
  • "Muka ceria (mudah senyum), perbuatan sabar disertai tutur kata yang baik (halus), itu bisa meruntuhkan hati serta menjauhkan diri dari godaan syetan. Sebaliknya watak bicara yang keras/kasar, kecuali bi...sa jadi menyebabkan timbulnya amarah, juga mudah menimbulkan salah paham. Sembarang (semua) perkara yang semestinya bisa diputus (diselesaikan) dengan baik dan sabar, terpaksa harus terjadi adu licinnya kulit dan kerasnya tulang (adu kekuatan/perkelaian/peperangan), tinggallah syetan tertawa terbahak-bahak senang sekali"
  • "Uríp tanpå gêgayuhan luhúr, bêbasané kåyå lêlawuhan tanpå uyah, sêpå tan miråså. Gêgayuhan bisané kasêmbadan kudu sinartan ngèlmu, jalaran ngèlmu mono pancèn sanguné ngauríp, wóndéné ngèlmu iku tinêmu ing laku lan tandang"
  • "Hidup tanpa cita - cita luhur (tinggi), ibarat seperti laup pauk tanpa garam, hambar tanpa ada rasanya. Cita - cita, agar bisa tercapai harus disertai dengan ilmu, sebab ilmu itu memang menjadi bekal hidup. Adapun ilmu itu diperoleh melalui sarana (mencari, belajar, berlatih dan biaya) dan perbuatan" 
  • Lali lan luput iku pancen wis dadi agemaning manungso. Ewo dene, kang koyo mengkono mau ojo banjur tok gunakake kanggo alasan, ing saben - saben tansah lali lan luput. Kosok baline kowe kudu ambudi doyo supoyo tansah eling lan bener. Mulane lik kinilikan sakjeroning bebener lan kabecikan iku dadi kewajibane saben uwong.
  •  Lupa dan salah itu memang sudah menjadi pakain bagi manusia. Meskipun demikian, yang seperti itu jangan lantas kamu gunakan sebagai alasan, dalam sewaktu - waktu selalu lupa dan salah. Sebaliknya kamu harus berusaha agar selalu ingat dan benar. Makanya, saling ingat mengingatkan dalam kebenaran dan kebajikan itu menjadi kewajiban setiap orang. 
  • Wong loro kang lagi regejegan utowo sesatron utowo memungsuhan iku tangeh lamun biso wawuh, menowo loro-lorone podho ngrumangsani bener kabeh. Mulane yen podho kepengin wawuh, kudu salah siji utowo malah loro-lorone supoyo podho ngakoni kaluputane, senajanto satemene dheweke mau ora luput"
  • "Dua orang yang sedang berkelahi atau berselisih atau bermusuhan itu tidak mungkinbisa berdamai, kalau kedua-duanya merasa benar semua. Makanya jika mereka ingin berdamai, harus salah satu atau.bahkan kedua-duanya agar bisa mengakui kesalahannya, meskipun sebenarnya dia itu tidak bersalah" 
  • "Pancen bener menowo lik kinilikan marang bebener/kabecikan lan kesabaran iku dadi kewajibaning saben uwong. Ewo semono sumurupo menowo anggonmu elik-elik marang liyan mau ora tinompo sing sakmesthine. Suwalike kadhang kolo wong kak tok elikake mau malah salah tompo. Ngadhepi kahanan kang koyo ngono m...au sliramu kudu sing sabar, ojo malah nglokro terus ora gelem elik-elik maneh"
  • "Memang benar bahwa saling mengingatkan dalam kebenaran/kebaikan dan kesabaran itu menjadi kewajiban bagi setiap orang. Akan tetapi ketahuilah bahwa apa yang kamu lakukan mengingatkan seseorang itu kadang kala tidak diterima sebagaimana mestinya. Sebaliknya kadang orang yang kamu ingatkan itu malah salah terima. Menghadapi keadaan yang seperti itu, kamu harus sabar, jangan lkemudian putus asa, lantas tidak mau mengingatkan kembali" 
  • "Menowo sliramu mutusake samubarang perkoro, kudu tok thinthing kanthi weninging pikir, ojo malah ngujo hardaning kanepson. Ojo nganti keputusanmu mau malah gawe kapitunane awakmu dhewe lan/ utowo gawe kapitunaning liyan. Ora ono alane menowo sakdurunge perkoro mau tok putusake, kowe nyuwun pituduh k...aro Gusti Kang Akaryo Jagad, supoyo keputusan mau becik kanggomu lan ugo becik kanggoning liyan"
  •  "Apabila kamu memutuskan suatu perkara, harus kamu timbang-timbang dengan pikiran yang jernih, jangan malah menuruti hawa napsu. Jangan sampai keputusanmu itu judtru merugikan dirimu sendiri dan/ atau merugikan orang lain. Tidak ada salahnya kalau sebelum perkara itu kau putuskan, kamu minta petunjuk kepada Tuhan Yang Menguasai Jagad Raya ini" 
  • "Yèn sirå kasinungan ngèlmu kang marakaké akèh wong sênêng, åjå sirå malah rumångså pintêr, jalaran mênawa Gústi Allah mundhút bali ngèlmu kang marakaké sirå kalokå mau, sira banjúr kåyå wong séjé (owah), malah bisa "Aji godhong jati akíng". 
  • Jika kamu diberikan ilmu yang menjadikan banyak orang senang denganmu, jangan kemudian kamu merasa pintar, sebab jika Alloh mengambil kembali ilmu yg menyebabkan kamu terkenal tadi, lantas kamu seperti orang yang beda (berubah akal/sinthing), sehingga bisa jadi ?Lebih berharga dari daun jati kering" 
  • Åjå sók ngêndêl-êndêlaké samubarang kaluwihanmu, åpå manèh mamèraké kasugihan lan kapintêranmu.Yèn anggónmu ngóngasaké dhiri mau múng winatês ing lathi tanpå búkti, dhóngé pakarti kåyå mangkono iku ngêngón awakmu dadi ora aji.Luwíh prayogå turutên pralampitané tanduran pari. Pari kang mêntês mêsthi tumêlúng, kang ndongak mracihnani yèn kóthóng tanpå isi. 
  • "Jangan suka mengagung-agungkan sembarang kelebihanmu, apa lagi memamerkan kekayaan dan kepandaianmu. Jika apa yang kau menjadi kebanggaan dirimu itu hanya terbatas ada di bibir (ucapan) tanpa bukti, sebenarnya perbuatan seperti itu akan menyebabkan dirimu tidak berharga. Lebih baik ikutilah perlambang pada tanaman padi. Padi yang berisi pasti merunduk, sedangkan yang tengadah (berdiri) itu pertanda tak berisi (kosong tanpa isi)"
  • "Samubarang ing pangucap lan tumindakmu luwih becik sakdurunge thinthingen kanthi weninging pikir ojo mung nuruti senenging atimu, jalaran ojo nganti pangucap lan tumindakmu mau tembene bisa anggawe loro ati lan kapitunaning liyan"
  • "Sembarang dalam ucapan dan tindakanmu lebih baik sebelumnya pertimbangkan dengan pikiran jernih jangan hanya menuruti kesenangan hatimu, sebab jangan sampai ucapan dan tindakanmu itu akhirnya dapat membuat sakit hati dan merugikan orang lain" 
  • Wóng iku yèn wís kasókan kabêcikan lan rumangsa kapotangan budi, ing sakèhíng pakartiné lumrahé banjúr ora kêncêng lan rêsík.Mulané tangèh lamún yèn biså njågå jêjêgíng adíl, awít lésané kasumpêtan, mripaté bêrêng, kupingé budhêg. Atiné dadi mati, angèl wêrúh ing bêbênêr. Mulå såkå iku åjå gumampang ...nåmpå kabêcikané liyan, samångså tujuwané ngarah marang pênggawé kang nalisír såkå bêbênêr"
  • "Orang itu jika kepadanya diberikn kebaikan dan merasa berhutang budi (pada seseorang), dalam kebanyakan perbuatannya umumnya lantas tidak lagi lurus dan bersih. Makanya mustahil jika (orang tersebut) bisa menjaga tegaknya keadilan. Sebab mulutnya kesumbat, matanya silau, telinganya tuli. Hatinya jadi mati, sulit melihat kebenaran. Maka dari itu jangan mudah menerima kebaikan dari orang lain, jika tujuannya mengarah pada perbuatan yang melenceng dari kebenaran" 
 

 
 
 






 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar