DALYANA'S BLOG
My Life My Imagination My Opinion

Jumat, 07 Januari 2011

PARIKAN KANGGO SASI POSO LAN DINO RIOYO (BAKDO)

tak kiro galengan
jebule larikan
timbangane dolanan
ayo nggawe parikan...

golek suwur tuku permadani
suwun dulur aku dikandani...

On 8/19/2009 2:26 AM Anonymous said...

Lungguh kloso nang kereto
Nyemplung segara asin rasane
Wulan poso ayo ngelebur duso
Mumpung lipat ganda pahalane

Nyuwun pangapunten sedaya kelepatan... selamat menjalankan ibadah di bulan ramadhan. parikan rmadhanmu lumayan cak :)

On 8/19/2009 2:56 AM jay said...

lungguh meja mangan intip
ora ning klasa cedhak wong wadon
kowe beja saiki isih urip
isa pasa ing sasi romadon

(selamat menjalankan ibadah-ibadah di bulan ramadhan cak, semoga lebih baik dari tahun-tahun yang lalu)

On 8/19/2009 3:03 AM eko said...

iku madumongso
dudu kluwih
sasi poso
ayo tarawih...

On 8/20/2009 5:52 PM yoxx said...

(suwun yo rek untuk parikan-e)

tekek lorek
menek gapuro
mumpung durung matek
ayo golek sepuro...

On 8/20/2009 9:58 PM Anonymous said...

aku melok parikan poso mu cak..


lenggak lenggok
kaya ubur-ubur
kowe bengak bengok
saur saur...

On 8/20/2009 10:59 PM yoxx said...

si jablai nganggo bikini
ora nate kepanasan
mulai mengko bengi
ayo podho tadarusan

nganggo bikini ora kathokan (oops)
saben bengi, ojo merconan!

aja ndelok bikini
yen marahi horni
mengko bengi
pocongan wis ora medeni

On 9/01/2009 7:46 PM shotank said...

kawisto sing rasane kelat
goleke nang jeporo
masio radha telat
aku pengen njaluk sepuro

On 9/01/2009 7:47 PM Anonymous said...

golek goreng ayam
ketemune ayam gadon
sugeng ngelampahi ibadah siam
wonten sasi romadhon

On 9/11/2009 2:54 PM Anonymous said...

nJombang Mojokerto
Klambi abang nyolok moto

On 9/14/2009 11:10 PM Anonymous said...

Di sana gunung di sini gunung, di tengah-tengahnya pulau Jawa….
Wayangnya bingung dalangnya juga bingung, yang penting bisa ketawa….

On 11/13/2009 2:04 AM feroz said...

aku warai parikan tho.........

On 1/05/2010 9:26 AM Anonymous said...

siji loro telu papat
lima enem pitu wolu
biji loro tetep hebat
angger kembang melu ngguyu

On 1/12/2010 1:11 AM babixzaremba said...

Biso gambang gak biso nyuling
Biso nyawang Gak biso nyanding....

On 3/13/2010 7:58 PM ed said...

iki parikanku dinggo ulangtahunn anteve
----
tuku dawet nang kantin
uga mangan bihun
selamat ulang tahun
kilau sweet seventeen

On 3/15/2010 7:11 PM Anonymous said...

dikiro memedi
tibake si bolang
parikan cak adi
pancen cemerlang

On 3/15/2010 7:44 PM adi said...

bapake makmun ogah maca
amarga lamur kakehan jahe
selamat ulang tahun, kanca
mugi dawa umur akeh ibadahe
----
parikan ulang tahun untuk jimbo - selamat ulang tahun jim, moga panjang umur dalam ibadah

On 3/31/2010 6:56 AM amy said...

iwak sepat
dipangan kuro
salah lepat
nyuwun ngapuro

wonokromo
udane deres
nedoh nerimo
pengeran seng bales

On 6/19/2010 4:58 AM achoy said...

ono tekek menek gapuro
mumpung durung matek, kulo nyuwun pangapuro

On 8/08/2010 2:47 AM jarjit singh said...

mas adi, ini parikan eh pantun 2 baris puasa ramadhan ala jarjit singh:

dua tiga burung berlari -
puasa ramadhan mulai esok hari
marvelous... marvelous..

On 8/08/2010 2:52 AM yoxx said...

ini parikan siam eh parikan pasaku

dug dug dug bunyi bedug isya -
dag dig dug hati bentar lagi puasa

datuk dalang ketahuan cilukba -
hati senang ramadhan tiba

wirok lorek dikiro kuro-kuro -
durung matek aku njaluk ngapuro

marhaban ya ramadhan...
senang banget bulan puasa tiba
selamat menjalankan ibadah-ibadah siyam

On 8/09/2010 8:17 AM damon said...

mas adi, aku yo duwe parikan poso kanggo kowe
(selamat menjalankan ibadah puasa ya)

ayo mangan karo lungguh keloso
dudu mangan upo nanging sego -
ayo podho ngelakoni poso
ben sehat ning dunyo tur sugih ning suwargo

On 8/10/2010 8:12 AM damon said...

mas adi, nek sampeyan jago parikan boso suroboyoan. ayo balesen parikanku...
-----------

Tuku kloso neng pasar keputran
kuning biru lambang kos kosan
aku poso gak oleh rasan rasan
mending turu timbang kedosan

ditakoki karo kancaku
mesti njawab embuh -
hore senenge atiku
bedug magrib kate ditabuh

Iwak urang, dowo buntute
nek iwak sepat, ora nang segoro -
Wong wis gerang, akeh lupute
ono lepat, aku njaluk ngapuro

tak kiro sampeyan nang suroboyo
tibake isik lungo ndeso -
senenge atiku arep riyoyo
THR-e dibagi dino seloso

On 8/10/2010 8:27 AM yoxx said...

iwak urang kok dirempeyek -
wong wis gerang kok sik kemenyek ;) sori mon

On 10/25/2010 11:37 PM Anonymous said...

1 komentar: