DALYANA'S BLOG
My Life My Imagination My Opinion

Jumat, 07 Januari 2011

PARIKAN ASMARA

Esuk nyuling sore nyuling
Sing nyuling arek Suroboyo
Esuk eling sore yo eling
Sing dieling-eling ora rumongso

Wetan banyu kulon yo banyu
Arep nyabrang ora ono praune
Wetan lemu kulon yo lemu
Tak timbang-timbang pada abote

Sewek parang klambine ijo
Pasang peniti ning duwur  dodho
Tiwas nyawang gak dadi bojo
Aluwung mati gak opo-opo

Sawunggaling wayange kuno
Sing digawe kayune jati
Sanajan gak eling sambangono
Ojo gawe gelaning ati

Nang Jombang kampung Sengon
Lemah geneng akeh wedhine
Najan gak seneng kirima ingon
Nek wis gak seneng opo mestine


kopat kapit ngiwo nengen
kandha sengit jebul kangen
numpak taksi mudhun solo
ngomong benci jebul tresno

nyangking ember kiwo tengen
lungguh jejer nggo tombo kangen
mlaku2 tuku srandal
karo aku kok jual mahal

Nang Bangkalan nonton karapan sapi
sapi di pecut gak iso mlayu
Ono prawan ayu merak ati
aku kepincut gak iso turu


tuku sepatu nang Cimanggis
budal nang pasar kulakan duku
rupamu ayu nek mesem manis
arep tak lamar dadi bojoku


Kembang Suket MekarE SorE
Ndasku Mumet MikirnE KowE

NGANGGO SARUNG
KAOS KOTANGAN
MLEBU WARUNG
GOLEK UTANGAN
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar